Nama
: Sari Iskadewi
No.
: 21
Kelas
: XI IPA 2
LUNA
Luna iku bocah sing menengan. Luna
ora seneng srawung lan ora seneng rame. Amarga kuwi Luna ora duwe kanca akeh
lan akeh uwong nganggep Luna iku bocah aneh. Saben dina Luna dolanan dhewe neng
jobo omah karo boneka kesayangane. Boneka kuwi uwes dianggep kaya kancane
dhewe. Kadang ibuke bapake Luna bingung lan kuwatir karo polahe Luna sing ora
gelem srawung lan omongan dhewe karo bonekane.
“Luna...” ujar bocah lanang sebaya
karo Luna.
“Dalem. lho kowe sopo?” takon Luna.
“Aku johan. Kok kowe dolanan dhewe?”
“Aku wes biasa dolanan dhewe.” ujar
Luna.
“Seko saiki aku bakal ngancani kowe
dolanan.”
“Tenan?” Luna sumringah.
“Tenan Luna.” Johan mesem.
“Nuwun.” Luna mesem.
Semenjak kedadean kuwi. Luna lan
Johan dadi kanca. Saben dina Johan teka ning omahe Luna. Ngancani Luna dolanan.
Luna karo Johan wes kaya kakang adhi. Bapak ibukke Luna tambah kuwatir karo
kondisi Luna,mergo kuwi Luna ora oleh dolanan neng njobo meneh.Luna dikurung
neng njero omah,ora oleh metu. Luna nangis mergo ora iso dolanan karo Johan
meneh. Saben dina Luna mung nyawang Johan saka cendhela. Johan mung isoh
nyawang Luna neng cendhela saka njobo karo mesem.
“Ibuk Bapak pun mboten sayang kalih
Luna” ujar Luna karo nangis.
“Ibuk sayang banget karo Luna.” Ujar
ibukke Luna karo ngelus rambut Luna.
“Menapa Luna mboten angsal dolan ten
njawi?” Luna nyawang njobo.
Ibukke meneng ora jawab pitakone
Luna. Luna banjur ninggalke ibukke terus mlebu kamar. Ning kamar,Luna bingung
kudu kepiye. Luna miker opo saktenane kareppe ibuk bapake,ngasi Luna dikurung
neng ngomah ngene iki. Luna miker jero ngasi keturon.
Esuk-esuk Luna marani ibukke sing
lagi masak. Luna dhuwe ide ben isoh metu saka ngomah.
“Buk,kula nyapu latar ngih?” ujar
Luna
“Oya nduk,sapu ne wes eneng neng
njobo.” Ujar ibukke sinambi sibuk masak.
“Oo...ngih buk.” Luna langsung mlayu
metu omah.
Luna njikuk sapu terus nyapu. Luna
pancen ora dhuwe niatan nganggo minggat saka omah,Luna mung kepingin isoh
ketemu Johan neng njobo. Karo nyapu,Luna sedilit-sedilit nyawang dalan cilik
sing biasa diliwati Johan. Luna ngarep banget Johan teka. Amarga uwes suwe Luna
ora ketemu Johan. Ora omong-omongan.
Luna wis rampung nyapu lan sing
dienteni ora njedul-njedul. Luna mlaku alon-alon,nyelehke sapu.
“Luna..” swara cah lanang saka
mburi.
“Johan...” Luna kaget lan seneng banget,merga
sing ditunggu wis teka.
“Luna,piye kabare? Suwe ora ketemu.”
takon Johan karo mesem.
“Alhamdulillah,kabarku apik apik
wae. Lha kabarmu piye? Apik ta?” ujar Luna.
“Alhamdulillah,apik. Ngopo kowe ora
tau metu omah?” takon Johan.
“Amet,aku ora oleh metu karo bapak
ibukku. Jane aku yo pengen banget dolanan karo kowe. Aku neng ngomah nelangsa.”
Luna arep nangis.
“Uwes..uwes...aja nangis. Bapak
ibukmu sayang banget karo kowe,dadi kowe ora oleh metu,ndak kowe kenapa-kenapa.
Iki aku ndhuwe bando ngo kowe.” ngelus pundake Luna banjur meneh ke bando saka
tanduran lan kembang-kembang karo mesem.
“Hah..iki nganggo aku? Apik. Nuwun
Johan.” Luna seneng banget.
“Luna..ayo sarapan nduk.” ujar
ibukke saka lawang.
“Njih buk.” noleh ning ibukke.
“Jo...” Luna kaget lan bingung merga
Johan wis ora eneng neng ngarepe.
“Nggoleki apa nduk?” takon ibukke
sing wis ning sandinge Luna.
“Ibuk ngertos rencang kula mboten?
Wau ten mriki.” takon Luna.
“Sapa ta nduk? Ket mau ora eneng
sapa-sapa. Uwes ayo maem dhisik.” rangkul ibukke karo mlaku mlebu omah. Luna
mung meneng wae,manut karo ibukke. Luna maem karo miker Johan sing ngilang. Ora
biasane Johan kaya ngunu.
“Paleng Johan wedi karo ibuk” batin
Luna.
Kaya biasane,Luna nyawang njobo karo
ngarep Johan bakal teka. Ngasi bengi Luna neng kunu. Johan ora teka-teka. Luna
tambah bingung,mau ngilang,saiki ora teka. Ibukke Luna bingung karo Luna sing
meneng wae koyo lagi miker masalah gedhe.
“Miker apa kowe ki nduk?” ibuke Luna
lungguh ning sandhinge Luna.
“Johan buk.” ujar Luna rada alon.
“Johan? Sopo kuwi? Kancamu sek mbok
goleki mau?” takon ibuke.
“Inggih buk.”
“Ket kapan kowe dhuwe kanca? Kok ora
tau dikenalke karo ibuk?” ibuke bingung.
“Sampun dangu buk. Lha kula mboten
angsal dolan ten njawi dados mboten saged ngenalaken Johan marang ibuk.” Jare
Luna karo ngarep bakal diolehke dolan metu meneh.
“Lho,bukane ket biyen kowe dolanan
neng njobo dhewe. Ibuk ora tau weruh kowe dolanan karo kancamu kuwi.” ibukke
bingung lan kuwatir karo Luna.
“Mboten buk,kula yen dolanan ten
njawi mboten piyambakan,kula kalih Johan buk.” ujar Luna ngeyeli ibuke.
“Ana apa ta iki?” takon bapake Luna
sing lagi wae bali kerja.
“Eh..bapak. mboten napa-napa pak.
Mriki tas e,kula betakke.” ibukke ngowo tas e bapake mlebu.
“Eneng apa ta,nduk?” takon bapake
karo ngelus rambute Luna.
“Niki lho pak,ibuk wau mboten pikados
menawi kula gadhah rencang asmane Johan. Johan sabendinten dolanan kalih kula
pak.” ujar Luna ngarep bapake bakal pikados.
“Owalah..ngunu ta. Jelas ibukmu ora pikados
nduk,lha kowe ora tau ngenalke si Johan kuwi ning ibukmu. Yo uwis,sesok Johan
dikenalke ning ibukmu,ben ibukmu pikados karo kowe.” ujar bapake sing nyaba
ngademke atine Luna.
“Bapak pikados kalih kula?” takon
Luna ning bapake.
“Wehh...jam piro iki? Ayo maem
dhisik.” Bapake nyawang jam banjur mlaku mlebu ruang maem.
“Duh....bapak ki.” batin Luna.
Luna lan bapak ibuke maem bareng
ning ruang maem. Ora eneng swara babar blas selama maem. Enenge mung swara piring lan sendok sing kluntang klunting.
Rampung maem,Luna ngewangi ibuke ngresiki meja maem lan isah-isah.
“Buk?” ujar Luna karo isah-isah.
“Piye nduk?” takon ibuke karo
mberesi meja.
“Mbenjang kula angsal dolan ten
njawi?” ujar Luna wedi wedi.
“Arep dolan karo Johan meneh?” takon
ibukke.
“Inggih buk.”
“Takon bapake wae nduk. Ibuk manut
karo bapak.”
Rampung isah-isah Luna banjur mlebu
kamar bapake. Sakwise neng tekan lawang kamar,Luna weruh bapake lagi sare. Luna
ora wani nganggu bapake merga mesakke bapakke lagi wae bali kerja. Merga bapake
lagi sare,Luna ora sido takon karo bapake. Luna mlebu kamare,Luna ora isoh turu
merga kepikiran Johan sing ora kaya biasane dina iki.
Esuk-esuk Luna duwe rencana arep
nyapu latar meneh. Nanging Luna nyawang latar njobo uwes resik disapu. Luna
banjur neng pawon takon karo ibukke sing nyapu latar sapa. Jebul tenan,sing
nyapu latar ibuke.
“Kae lho bapak,mau bengi durung sida
takon ta? Kana takon dhisik.” ujar ibuke.
“Njih buk.” marani bapake.
“Pak.”
ujar Luna ning bapake sing lagi maca koran karo ngopi.
“Ana apa nduk?” takon bapake karo
nyelehke koran ning meja.
“Luna angsal dolan ten njawi,pak?”
takon Luna.
“Arep ketemu Johan,nduk? Dikenalke
sisan karo bapak ibuk ya?” njaluk bapake.
“Inggih pak.” Luna sumringah.
“Yo uwes,gage kana. Aja suwe-suwe.
Bapak wis penasaran.” ngakon Luna.
“Matur nuwun pak.” banjur mlayu metu
omah.
Ning njaba Luna nyeluk-nyeluk Johan.
Nanging Johan ora teka-teka. Luna ngarep banget Johan isoh teka merga arep
dikenalke karo bapak ibukke. Wis sejam Luna nunggoni Johan sing ora teka-teka.
Ning batin Luna nesu karo Johan,Luna miker Johan wis ora gelem kekancan meneh
karo Luna. Luna nangis.
“Luna..” swara kuwi gawe Luna
meneng.
“Johan?” Luna noleh. Banjur kaget
merga kuwi dudu Johan,tapi bapak ibuke sing kuwatir karo Luna banjur metu
marani Luna sing lagi nangis.
“Kowe ngapa nduk kok nangis?” takon
bapak ibuke karo ngelus pundake Luna.
“Johan..” karo nangis.
“Uwes-uwes, paleng Johan lagi sibuk.
Ayo,mlebu wae,ning njaba adem.” ajak ibuke.
“Ho’o nduk. Bener jare ibukmu. Ayo
mlebu wae.” ujar bapake.
Luna tetep nangis,karo mlaku bareng
bapak ibuke mlebu omah. Sak durunge mlebu omah,Luna noleh mburi. Luna weruh ana
bocah lanang ning mburi wit sanding dalan cilik sing biasane dinggo liwat
Johan. Luna miker nek kuwi Johan. Banjur mlayu marani.
“Johan...” mlayu marani bocah lanang
sing didelok Luna. Nanging bocah lanang kuwi malah mlayu terus ngilang. Bapak
ibuke Luna melu mlayu ngoyak Luna. Luna marani wit sing dinggo ndelik bocah
mau.
“Duh...dek. Kowe ki ngapa ta. Kok
mlayu ki?” takon ibuke.
“Johan ning kene pa?” takon bapake.
“Inggih pak buk. Kula wau ngertos
Johan ten mriki. Nanging Johan banjur mlayu ngilang.” Luna arep nangis.
“Nduk...” ibuke ngelus pundake Luna.
“Johan ki ora eneng. Johan ki ora
nyata nduk.” ibuke nyaba nerangke ning Luna.
“Mboten buk. Johan niku wonten.
Johan niku rencang kula. Saben dinten dolanan kalih kula buk.” ujar Luna.
“Nduk..ibuk bapak saben dina nyawang
kowe ki mung dolanan dhewe. Omongan dhewe. Ora eneng sapa-sapa ning kana. Merga
kuwi bapak ibuk ora ngolehke kowe dolanan ning njaba meneh. “ ujar bapake.
“Mboten pak. Johan kala wingi
maringi kula bando. Sakniki bandone wonten kamar.” mlayu mlebu omah,banjur
mlebu kamar. Ning kamar Luna bingung. Bando sing diwenehi Johan ora eneng.
“Nduk...sadar..nduk sadar.. Johan
kuwi ora nyata. Bandone yo ora nyata.” ujar bapake sing nyusul Luna ning kamar.
“Pak,mbenjang awak dhewe pindah
mawon saking mriki.” ujar ibuke marang bapake.
“Ho’o buk. Bapak setuju.”
Luna nangis sedina nutuk merga iseh
ora percaya karo bapak ibuke yen Johan kuwi ora nyata. Luna ngrasa yen Johan
kuwi eneng tenan. Luna nesu karo Johan merga Johan ora ngandani saka awal.
Nanging Luna tetep ora trima. Luna iseh durung pikados.
Esuk-esuk bapak ibuk lan Luna uwes
siap arep pindah. Luna mung meneng wae. Bapak ibuke ngrasa iki dalan sing apik
nganggo Luna. Luna ngalamun ning njero mobil,nyawang bapak ibuke sing sibuk
ngangkat barang sing arep digawa pindah. Bapak ibuke banjur mlebu mobil merga
wis rampung mindah barang. Mobil alon-alon mlaku ninggalke omah. Wes rada adoh
saka omah,Luna reti bocah lanang ning latar omah sing ditinggal mau. Bocah kuwi
ndada ning Luna. Luna mung meneng,ora wani omong karo bapak ibuke,merga Luna
reti bapak ibuke ora pikados karo omongane Luna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar